Daftar Blog Saya

Senin, 05 Mei 2014

Oleh:Dhoni Zustiyantoro

Kurmat marang Alam

Dening Dhoni Zustiyantoro

WONG Jawa lan alam ora bisa dipisahake. Buktine, alam tansah duwe posisi lan fungsi penting tumrap bebrayan Jawa. Alam uga tansah dikurmati, lumantar acara lan ritual kabudayan.
Kapitayan sing kaya mangkono diajarake kanthi turun-temurun. Wiwit jaman kawuri, kita mangerteni yen para leluhur uga tansah hangrungkebi alam minangka perangan kang penting. Luwih-luwih alam menehi sandhang, pangan, lan panguripan.
Wong Jawa njaga alam nganggo cara apa wae. Ora mung sacara langsung lumantar kerja bakti utawa reresik lingkungan bebarengan ing lingkungan tartemtu, nanging uga akeh wewaler utawa larangan kang diugemi minangka salah sijine kaluhuran kabudayan Jawa. Contone, unen-unen "aja ngethok wit sembarangan" lan "aja nguyuhi sendhang".
Wewaler iku sejatine mujudake apa sing diarani para Walanda minangka local wisdom, kearifan lokal. Kanthi ora nerak paugeran sing wis dipercaya wiwit biyen iku, ora mokal yen alam lan lingkungan ing sakiwa-tengen manungsa bakal tansah ngrembaka lan lestari.
Kayata kanthi ora ngethok wit sembarangan, dikarepake manungsa bisa tebang-pilih wit: endi sing wis oleh dikethok kanggo kebutuhan, lan endi sing kudu digedhekake dhisik. Semono uga yen ora nguyuhi lan ora mbuwang apa wae sajrone sendhang, tuk, utawa sumber banyu liyane, banyu ing kono ora bakal tercemar amarga polahe manungsa.
Ing kabudayan Jawa, alam uga asring digayutake karo kapitayan bab bangsa alus. Kita asring krungu unen-unen "alas kae ana sing nunggu" utawa "wit gedhe ing pojok desa kae ana sing nunggu". Ora liya, sing kaya mangkono uga perangan saka wewaler iku mau. Kabudayan Jawa ngajarake supaya bebrayan Jawa tansah njaga alam lan lingkungan liwat maneka cara.
Sasmitane Alam
Nanging sanajan tansah ngupaya lan nglestarekake, ora sithik uga sing dadi perangan saka rusake lingkungan. Kasunyatan ing jaman modern iki, akeh manungsa padha ora preduli marang alam, malah kepara dadi perangan saka bubrahe kahanan.
Sing duwe kepentingan kanggo golek dhuwit, contone, negori wit kanthi srakah. Mbabati alas kanggo ngedekake perumahan lan pabrik tanpa mikir kanthi setiti. Amarga sejatine yen dipikir kanthi jero, tanpa wit, manungsa ora bakal isa urip kanthi tentrem. Wit sing isa ditegesi "wiwitan" ora liya kajaba sarat utamane manungsa kanggo miwiti kauripan.
Sawise polahe manungsa sing sarwa tanpa paugeran iku, alam paring sasmita kang gamblang lan bisa dimangerteni dening sapa wae. Sasmita iku ora liya kajaba paring tandha – sing diarani manungsa – awujud bencana: lemah obah, banyu munggah, gunung watuk.
Yen wis kedadeyan kaya mangkono, manungsa sarwa bingung. Anane mung gela amarga banyu kali ora mili, wit-witan ora thukul, gunung padha gundhul. Pungkasane padha rebut bener, ora ana sing rumangsa kleru.
Pancen saiki kesadaran ekologis durung dadi bab kang penting tumrap dhiri pribadi. Ana pamanggih yen bab sing kaya mangkono dudu dadi urusan saben individu, nanging pamarintah. Iki anggepan sing kleru lan kudu dijejegake.
Sanajan wong Jawa tansah nindakake ritual lan upacara adat kanggo kurmat marang alam, nanging nyatane kita uga kudu nduweni langkah taktis lan strategis. Carane ora liya kajaba melu obah, melu urun, supaya alam lan kahanan lingkungan ora bubrah.
Yen kita bisa maca sasmita alam lan tansah paring pakurmatan, alam uga mesthi bakal paring kabecikan: thukul kang sarwa tinandur, godhong ijo royo rerobyongan, woh-wohan maneka warna.

- Dhoni Zustiyantoro, pandhemen kabudayan Jawa

* kapacak ana Suara Merdeka, Minggu Pon, 4 Mei 2014, halaman 25. (ilustrasi davinciobali.com)

Tidak ada komentar: